Iki Ceritane Ngopo Aku Wedi Karo Badut -__-

Pisan2 nggo boso jowo rapopo yo ? hahaha

Kabeh wong mesti ndue ketakutan, mboh kui wedi karo uler, karo badut koyo aku, opo wedi karo bapake dewe mergo kerep diseneni nek baline kewengen koyo aku

Tenane wedi karo suatu hal ki rapopo, kui wajar. anggere ojo lebay wae nek wedi, contone: wedi karo bapakne njuk nek saben ketemu, raine bapake kon ditutupi nggo tas kresek #wiii -__-
yo asal nek wedi ki ojo merugikan orang lain ngono lho hehe

Aku dewe ki sak tenane wedi karo badut ket cilik, awale sih ora, tur gara2 ono suatu kejadian aku dadi trauma karo badut >_< la iki ceritane: Mbiyen nek jamane cilik kan ono sekaten kae (semacam pasar malem lah) la ndilalah omahku ki cerak kono (daerah malioboro tur udu sarkem).
yo biasalah nek cah cilik senenge dolan, nah suatu hari aku mrono karo bapak lan ibuku, mbiyen ki atraksine le terkenal ning sarkem ehh.. ning sekaten kui rumah lumba-lumba karo atraksi hantu (eh kewalik ra ?) tur aku malah seneng numpak bom-bom putar karo komedi car hahaha

pas kwi sih awale damai2 wae suasane, durung menampakan diri si badute, pas wis puas dolanan karo wareg mergo jajan (yoiyolah) aku njuk ngejak bapakku mulih soale wes ngantuk (biasa cah cilik, nek saiki wes koyo kalong haha) LA PAS IKI !!!

Pas wes arep tekan pintu keluar, tiba2 mboh seko endi arahe, ono badut njawil aku, mbuh make-up e sing terlalu menor opo mergo aku rung tau weruh badut sakdurunge, pas kwi bayanganku kok make-up e koyo poconkk ngono (jujur aku karo mrinding iki nulise -__-)semprul tenan ogg

Bar kwi si badut bejat e mau ngejak salaman, yowes karo wedi lan kepekso kae tak jabat wae tangane, bar kui tanganku ambune lekkk, koyo telek wedus (tenan !) mbuh badute bar salaman karo wong sing gaweane ngresiki kandang wedus opo malah dadi badut ki kerja sambilan, nek esuk ngurusi wedus :D

nah iki le marai aku trauma, tiba2 badute kui ngangkat njuk nggendong aku, la aku kaget to, gek mambu tenan badute kui (kebayang to tangane wae wes mambu, awake piye jal -__-), aku wes mbrambangi kae, jebule dikon foto bareng to karo bapakku (-piip- we pak !!) mbuh saiki seh ono ra fotone, bar kwi tekan ngomah aku meneng wae, keweden, mbengine raiso turu, njuk tekan saiki seh sok kebayang2

Saya Albany Adityatama dan saya benci badut -__-
1 Response
  1. Rama Krueger Says:

    wkowkowkowkok..nice,nice!